Dening : Suwarna PW
Gagah jumangkah
Sumringah tanpa wegah
Prajurit wira tamtama
Watak satriya
Budi utama
Jiwa labuh nusa bangsa
Prajurit
Ora mingkuh saka dhawuh
Ora mundur kehing geguntur
Ora mendha kehing rubeda
Maju terus
Hambrastha tindak angkara
Negara tata titi tentrem lan raharja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar