I made this widget at MyFlashFetish.com.

Jumat, 29 April 2011

Tembang CAPING GUNUNG

dhek jaman berjuwang,
njur kelingan anak lanang,
biyen takopeni,
ning saiki ana ngendi.

jarene wus menang,
keturutan sing digadhang,
biyen ninggal janji,
ning saiki apa lali,

neng gunung, takcadhongi sega jagung,
yen mendhung, taksilihi caping gunung,
syukur bisa nyawang, gunung desa dadi reja,
dene ora ilang, nggone padha lara lapa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar