I made this widget at MyFlashFetish.com.

Jumat, 29 April 2011

Geguritan - LELARA

Dening : Suci Hadi Suwita

teka tanpa taha-taha
satus dalane
sewu jalarane
saleksa jeneng memala
nadyan kaduwa tetep meksa
nlusup selaning lena
sok nglayang liwat mega meksa
malang kadhak nantang kang tan kawagang
slulup lelumban ing perangane raga
lelara
raga pengkuh datan karasa
mudha prakasa lelara datan temama
bayi cilik ringkih lelara ngungkih-ungkih
tuwa nglungka lelara teka kuwasa
jroning raga perang tandhing rebut daging
bala getih isih kabantu tamba linuwih
ati wani tan jirih
nyenyuwun gusti maha asih
mung loro butulane
mari apa mati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar