I made this widget at MyFlashFetish.com.

Senin, 31 Januari 2011

Karangan - MBOTEN MANDHEG, MBOTEN MACET

Wonten ing pinggir margi, wonten tanda ingkang tegesipun mboten pikantuk parkir. Paugeran punika kedah dipungatosaken saha dipuntindhakaken. Perkawis punika kagem njagi supados lampahipun kendharaan saged lancar.
            Ananging tasih wonten tiyang ingkang nerjang paugeran punika, contonipun : wonten ing pinggir margi, wonten tanda mboten pikantuk parkir. Ananging, wonten warga ingkang parkir wonten ing sakcelakipun tanda kasebat. Kadang kala, polisi mboten nyaosi pirsa dhateng tiyang ingkang nglanggar. Panyebabipun inggih punika, tingkat kesadharanipun tiyang tasih andhap.
            Menika biasanipun kathah kedadosan wonten ing peken saha margi ingkang rame. Menika saged nyebabaken margi ingkang diagem liwat dados ciut saha saged nyebabaken macet.
            Supados mboten wonten kemacetan, para warga kedah nggatosaken saha nindakaken rambu-rambu lalu lintas.